Mbakso lan ndawet neng sawah sawahan dengkol

pas iko pas awan awan uenthang uenthang, jian puanase orah umum. ayas pas liwat sawah sawahan ndek daerah dengkol singosari. sepi kiwo tengen lek ora kebon tebu yo sawah utowo kuburan.

lha kok ndilalah jebul nemu bakol dawet sesandingan ambek bakul bakso pas ndek enggok enggokan! ruame maneh!

tulisane: es dawet limangewu! lo lo lo yo ayas moro mak cuiitt, muandeg parker ndlusup ndlusup!

‘nuwun sewu, nuwun sewu,’ jare ayas.

uancen ruame puol wewarungan loro iki, dolor! lha yok opo neh regone mung limangewuan sak porsi. yo bakso yo es dawet.

‘setunggal, lek!’

orah katek kesuwen, ayas langsung linggoh ndek pingger cidek sawah sawahane. duh kah iki mejone jian endhek! silo silo…

mak srupuuuttt!! buaksone kane, dolor!

ancen se guduk bakso seng nuikmat ngono tapi lek pean ndeleng regone yo maklom. tapi lek ukurane sak porsi limangewu yo iki wes kane. ayas tumbas seng sangangewu. entuk pentol seng sak ho ha, tahu soklat, gorengan rongpasang, puentol cilik, ambek cambah. lo lo lo yo iki seng marai suedhep!

ancen wuasek mbakso karo silir silir angen.

saiki ayas ngincipi es dawete. es dawet beras biasa seng werno ijo iku lo dolor. dodoh santene orah seng tebel nyethak, ese yo es tube seng bening iku. pemanise gulo abang sing blass ora nyeriki! sak muangkok ngene mung limangewu yo hidden gem lek jare influencer influencer kodew nganal. juian puass!!

tapi sayange ndek google mape sek setitik seng ngereview. yo orah popo! alon alon ae. pean goleki ae seng jenenge ‘es dawet view!’ bukake isuk nganti sore orah mesti sak teko tekoe lek nyorong rombong kiro kiro jam songoan wes ono tapi lek jemuah totop.

eh tapi mbayare dewe dewe yo dolor! bakso dewe es dawet dewe.

12 Likes

Jian sueger tenan, ndilalah di Jawa lagi panas-panasnya :smiley:
Terima kasih sudah bercerita di sini. Itulah istimewanya kita sebagai Local Guides. Hal-hal istimewa dapat tercipta dari sesuatu yang simple di sekitar kita.